WULANGAN
6
Ing trap iki siswa
dijaluk nyinau lan mahami perangan-perangan kang sesambungane karo Tembang
Gambuh. Ing antarane yaiku pathokan tembang lan watak tembang.
A. SERAT WEDHATAMA PUPUH GAMBUH
Serat wedhatama
yaiku salah sawijining seratan Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya Sri
Mangkunegara IV. Serat wedhatama ngandhut piwulang luhur kanggo mbangun budi
pekerti. Serat wedhatama duweni isi piwulang babakan budi pekerti utawa
tumindak utama gerteni.
Serat wedhatama
asale saka basa sansekerta, Wedhatama miturut kamus kawi-indonesia karangan
L. Mardiwasito, saka tembung ''wedha'' kang tegese ilmu pangerten, lan
tembung ''Tama'' kang tegese becik. Miturut R. Tanojo tegese tembung
''wedhatama'' yaiku pepathokaning putra. Di deleng saka tembung ''wedha''
tegese pepakem (patokan) lan tama utawa utama kang duwe teges anak.
Pepathikaning putra tegese pathokan utawa pedoman kanggo putra lan putrine.
Serat wedhatama iku
salah sawijining seratane Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Aryo (KGPAA)
Mangunegara IV kang wujude tembang. Serat wedhatama ngemot tembang macapat
yaiku pupuh Pangkur, Sinom, Pocung, Gambuh lan Kinanthi. Cacahe ana limang
pupuh. Ing ngisor iki limang pupuh ing serat wedhatama yaiku :
1. Pangkur (14 Pada)
Ana ing serat wedhatama pupuh
pangkur duweni piwulang ngelmu kang sempurna, kang dadi pathokaning kanggo
manungsa yaiku babagan sopan santun. Syarat utama kanggo duweni yaiku
ati-ati utawa mawas diri. Manungso kang kasil mawas diri utawa ati-ati anggone
nglakoni urip ana ing alam ndonya bakal tentrem ana ing donya.
2. Sinom (18 Pada)
Babagan pikolehe saka tumindak
ngati-ati . tuladhane yaiku Nata mataram Senopati kang duweni gelar wong agung
ing ngeksigondo, tegese salah sawijineng pemimpin teladan , sumeh lan tresna
marang kawulanelan asring nglakoni pasa, Ananging ora nadohi marang kawulane.
3.Pocung (15 Pada)
Isine pupuh pocung ana ing serat wedhatama yaiku kawicaksanaan sejati.
Kawicaksanaan sejati ora ketara ana sawijining papan panggonan. kawicaksanaan
kasebut kudu kelakon. Piwulang Panembahan mangkunegara IV yaiku lila lan narima
,legawa utawa lila atine lan pasrah, sabar tulus ikhlas lan sumarah marang
gusti ingkang Maha Agung.
4. Gambuh (35 Pada)
Piwulang kang ana ing pupuh gambuh yaiku rasa sukur marah gusti Allah kang
MAha Agung kanthi suci ing batin, ngadohi watak angkara murkalan sifat ngendel
ngendelake, serta tekun nglaakoni sembayang.
5. Kinanthi (18 Pada)
Ing ngisor iki piwulang ana ing serat wedhatama di ringkes dadi 2 kelompok
yaiku :
a. Piwulang kanggo kanoman
Para kanoman supaya nyinau babagan busana lan sopan santun, Serta
mangerteni sumber ngelmu kang bener. Supaya ora nduweni sifat angkuh amarga
duweni panguwasa. Di suwun supaya bisa milah-milah ake kanthi cermat kabeh
piwulang supaya bisa nggunakake ngelmu kasebut kanthi nyocoke papan lan
ketrampilan kang di duweni. Para muda taruna kasuwun purun budidaya kanggo
trisarana urip yaiku wirya, arta, warsis.
b.
Piwulang kanggo wong tuwa
Ngelmu kanggo menehi piwulang marang anake. Kepiye carane milah-milah
babakan ngelmu kang bener. Kepiye carane nglakoni eling marang Gusti Kang Maha
Agung. Uwong kang dianggep tua yaiku uwong kang duweni ngelmu lan paham babagan
lelakoning urip. Dudu wong kang sing luwih tuwa umure.Dadi serat wedhatama
yaiku ngelmu babagan kebecikan. Ananging ora mung piwulang kebecikan kang
lahire wae uga becik ing lair utawa batin.
1. Pengertene tembang gambuh
Gambuh
ateges jumbuhaken (nggambuhi ateges nglarasaken), tegesipun ing gesang bebrayan
kita kedah jumbuhaken ing kahanan
2. Pathotan tembang gambuh
Guru
wilangan
|
Guru
lagu
|
Guru
gatra
|
7
|
U
|
5
|
10
|
U
|
5
|
12
|
I
|
5
|
8
|
U
|
5
|
8
|
O
|
5
|
Sekar gambuh ping catur
tembang gambuh keempat
Kang cinatur polah kang
kalantur
sing diomongne babagan prilaku
kang klewatan
Tanpa tutur katula-tula
katali
tanpa nasehat bakal cilaka/
sengsara
Kadaluwarsa katutuh
kebacut dadi pakulinan ala
Katutuh pan dadi awon
pakulinan ala bisa dadi ala
3. Watak tembang gambuh
watake
tembang gambuh kui sumanak sumadulur cocok kanggo paseduluran. Tembang gambuh
mbok menawa pancen kebak ing pitutur. Pitutur kang nggiring manungsa supaya
eling marang tumindak-tumindake.
4. Makna tembang gambuh
Miturut
maknane, tembang Gambuh iku nggambarake watak pawongan kang ngancik dewasa
utawa pribadii kang sansaya dewasa, mula isa njumbuhake kabutuhan lair lan
batin, kluwarga lan masarakat, pribadi karo Gusti. Tembang iki menehi pitutur,
anggenah-nggenahake utawa tansah menehi pangerten. Tuladhane Pancen lumrahe
piyayi sepuh tansah isa njumbuhake panguripane lan seneng aweh pitutur marang
anak putu, patrap lan pangucap isa nyawiji, panguripane ayem tentrem lan ora
bot sisih. Makna sawijine sawise omah-omah kudu padha ngertine, asah asih asuh
marang sawenehe kabutuhan, tanggung jawab lan perkara ing sajroning kluwarga
kang saya abot lan maneka warna.
5. Wos kang kamot ing tembang gambuh
(wedhatama)
· Ngajarake supaya sakabehe tindak-tanduk becike mung
walaka/apa anane wae, menehi pangapura marang kaluputaning liyan, ngedhohi
tindak nistha lan angkara murka.
· Ngajarake yen manungsa iku kudu teguh lan santosa
bebudene. Semono uga kudu sabar, tawakal. ikhlas, lila, lan nrima ing pandum,
kudu ajiwa pandhita, lan tanggap marang pungkasaning urip iki.
· Ngajarake nalika guneman iku kudu nganggo aturan. Aja
waton guneman nanging guneman nganggo waton.
· Ngajarake yen agama minangka cagaking urip. Diajarake
manembah mring Gusti kang kondhang Sembah Catur, yaiku sembah raga,
cipta, jiwa, rasa.
· Sembah Raga yaiku manembah mring Gusti Kang kawitan,
yaiku kudu bisa nindakake prentah-prentah ing agama kanthi kasad mata.
· Sembah Cipta (Kalbu) yaiku kanthi ngendhaleni hawa
nepsu. Yen bisa nindakake kanthi temen bakal rumangsa ayem sajroning bathin.
· Sembah Jiwa (Sukma) yaiku ngresiki bathin kanthi
waspada lan eling. Bab iki bisa kalaksenan lamun ngulinakake tansah syukur
mring Gusti kang Maha Agung kanthi njaga raga, rassa, lan bathin supaya adoh
saka bathin culika lan nistha.
· Sembah Rasa iku dirasakake lamun awake dhewe wis ora
mangu-mangu maneh marang kekuwasaane Gusti kang Akarya Jagad.
Tidak ada komentar: